Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan Keluarga Sing Sombong
Keluarga Sing Sombong
Pas jaman mbien ana keluarga sing sugih nanging pelit Keluargane ana 5 yaiku Agus yaiku bapake, Wanda yaiku ibune, trus anake ana telu jenenge Ronald, Ryan lan Nia , omahe di pager beton ben ra ana wong sing bisa mlebu omahe kuwi wong. Kuwi wong terkenal sugih amargi kerja nang perusahaan sing madan terkenal pas jaman kuwi. Akeh wong sing mikir keluarga kuwi sugih amargi korupsi. Amargi sugihe ndadak, Keluarga kuwi ra tau ngumbul karo wong sedesa amargi jere wong sedesa ra nana sing selevel utawa sedrajat karo keluarga kuwi.
Wis setaun keluarga kae urip nang sekitare wong – wong sing apikan nanging wonge kuwi ajeg ra ajeg isih sombong. Pas dong dina minggu keluarga kuwi lunga kabeh maring tempat plesiran nganggo mobil pribadi, omahe di kunci kabeh ngasi rapet banget dadi ora nana wong sing bisa mlebu. Keluarga kuwi lunga gasik banget, tetangganne ngasi pada ra nana sing ngerti keluarga kuwi lunga plesir.
Pas awane omahe wong sing pelit mau kebakar. Tanggane pada arep nulungi omah kuwi, nanging di kunci ngasi rapet banget dadi omahe kuwi wong kebakar ngasi bersih dadi awu kabeh. Pas keluarga sing pelit mau bali plesiran, keluargane pada bingung kenang apa omahe bbisa keobong ngasi dadi awu kabeh. Keluarga kuwi banjur nuduh tanggane amargi diarani sirik amargi tanggane kuwi sugih. Tetangga sing mau di parani maring keluarga mau crita jere omahe keobong. Trus tangga – tanggane arep nulingi omahe kuwi nanging di kunci rapet akhire tangga – tanggane ngejorna omahe keobong amargi ra bisa nyiram geni sing ngobong omah kuwi.
Keluarga sing sugih mau nyadar amargi duit sing dinggo kanggo mbangun umah kuwi sekang duit korupsi merga keluarga kuwi langsung dadi miskin, trus tobat ora bakal sombong maning. Keluarga Agus akhire pindah omah nang tempat liane amargi isin karo tanggane.
0 Response to "Cerkak Bahasa Jawa Banyumasan Keluarga Sing Sombong"
Posting Komentar